Harianblora.com Mengucapkan Selamat Menjalankan Puasa Ramadan&Mengajak Warga Jaga Kesehatan&Memutus Penyebaran Corona

Latest News

Kabar bahagia! bagi Anda, mahasiswa, guru, dosen dan siapapun yang ingin menerbitkan buku mudah dan murah, silakan kirim naskah ke formacipress@gmail.com dan kunjungi www.formacipress.com

Saturday 6 December 2014

Piwulang Ajaran Samin Blora



Oleh Indra Bagus Kurniawan
Piwulang Ajaran Samin Blora
BAB IV
ANALISIS DHATA

Piwulang-piwulang ing Ajaran Samin kang Bisa Dicakake Ana ing Etika Politik
Masyarakat Samin yaiku masyarakat asli Kabupaten Blora kang punjere ana ing Desa Klopoduwur, Kecamatan Banjarejo, Kabupaten Blora. Masyarakat Samin duweni pokok-pokok piwulang kang adiluhung lan bisa dicakake ana ing kagiyatan politik supaya politik Indonesia saya duweni etika lan adoh saka kagiyatan kang nyimpang.

Piwulang-piwulang Samin kuwi kaya mengkene:
Seduluran
Seduluran duweni teges yen minangka pepadhane urip kudu duweni tumindak seduluran. Politik sing ana ing Indonesia saiki yen digatekake, kebak ing persaingan. Akeh sing padha ngina, ngelek-elek, utawa njegal musuhe kang ndadekake para politisi kaya pitik jago kang diadu. Politisi kudune duweni tumindak kang diwasa kanggo ngadhepi panase geni politik, politisi kudune ora kena nganggep saingan politik dadi mungsuh nanging kudune dadi dulur. Ing sajroning kagiyatan politik yen kabeh paraga politike ngurmati seduluran, panase kagiyatan politik bisa diilangi, lan kagiyatan politik ketok ora panas.

Ora Seneng Kemungsuran
Ora seneng kemungsuran duweni teges yen karo pepadhane urip ora kena memungsuhan. Sajroning kagiyatan politik, pancen mungsuhan kuwi angel banget diilangake. Para paraga politik padha mbela kelompoke dhewe-dhewe lan bela partaine dhewe-dhewe. Para paraga politik kudune ora duweni sipat kang seneng musuhan lan dikarepake luwih ngutamakake kerja lan upaya kang dilakoni kanggo gawe rakyat santosa lan mangsuli kabeh kang dikarepake rakyat.

Ora Seneng Rewang
Ora seneng rewang duweni teges ora mbela salah sawijining golongan, yaiku kudu netral. Para politisi akeh kang  mbela kelompok utawa partaine dhewe-dhewe. Kekurangane kelompok bakal ditutupi lan keluwihane bakal dipikul dhuwur. Kudune, politisi duweni sipat mihak kang bener. Kang kudune dibela yaiku golongan kang bener  jumbuh karo kasunyatan. Upama sawijining perkara luput tetep dibela, padha wae mendhem kemajuan lan nandur karusakan.

Aja Ngrenah Liyan
Aja ngrenah liyan duweni teges pepadhane urip mitnah. Sajroning kagiyatan politik,biasane pepadhane paraga politik ngomongake alane musuhe dhewe-dhewe. Kamangka ora asring yen sing diomongke iku ora padha karo kasunyatan. Prastawa kaya ngene iki isa ngrusak  kagiyatan politik kang kudune lumaku kanthi resik.

Eling Sing Kuwasa
Eling sing kuwasa tegese kudu eling marang Gusti kang Maha Kuasa sebabe ing donya iki kabeh kagungane Gusti. Para paraga politik kudu duweni iman kang bakal mbentengi awake dhewe saka tindak tanduk ala kang akeh ditindakake para pejabat tuladhane wae nglakoni korupsi. Iman yaiku wangunan kang kuwat banget pondhasine, saengga bakal bisa mbentengi raga lan nafsu saka tumindak nyimpang.

Tresna Pepadhane Urip
Teges saka tresna pepadhane urip yaiku kudu duweni rasa tresna marang pepadhane urip. Para paraga politik yen duweni tumindak iki, dheweke bisa bareng-bareng kerja ora nganggo cara kang elek nanging kerja kanggo kasantosaning rakyat. Para paraga politik yen wis dadi pejabat lan duweni sipat iki, dheweke mikir dhisik sadurunge nindakake kagiyatan kang ngrugekake tuladhane korupsi.

Ora Nerak Wewalerane Negara
Ora nerak wewalerane negara yaiku ora nerak paugeran kang wis digawe dening negara utawa diarani undang-undang. Kabeh para paraga politik yen duweni prinsip urip kanggo ora nerak paugeran utawa undang-undang kang wis digawe, mula ora bakal nerak undhang-undhang negara. Para paraga politik bakal kerja kanthi bener lan ora bakal nindakake kagiyatan kang bisa nerak undhang-undhang kaya korupsi, sogok, utawa kagiyatan ala liyane.

Ora Nerak Sing Dudu Sak Mesthine
Ora nerak sing dudu sak mesthine yaiku ora nyalahi takdir, yaiku yen wong wis diwenehi samubarang, mangka wong kuwi ora kena njupuk barang kang ora duweke. Kaya sing wis dingerteni, saiki akeh para pejabat kang kena masalah korupsi. Kajaba kuwi, sajroning demokrasi kayata pemilu akeh banget money politic kang ngrebut kamardikane rakyat sajroning milih pejabat. Saben pejabat yen duweni tumindak iki ora bakal njupuk dhuwite rakyat kang ora hake, nglakoni money politic kang bisa ngrebut kamardikane rakyat anggone milih lan melu bantu nyentosakake rakyat.

Ora Cidra Ing Janji
Para paraga politik wis kulina banget sajroning kagiyatan demokrasi kayata pemilu legislatif utawa eksekutif ngucapake janji-janji kang umume kanggo kasantosaning rakyat. Kabeh janji kuwi durung mesthi dilakoni yen para politisi kuwi dadi pejabat. Kudune, para politisi kang wis dadi pejabat nindakake janji kang wis diucapake supaya ora ngrusak kapitayaning rakyat.

Ora Sepata Nyepatani
Ora sepata nyepatani yaiku ora dolanan sumpah, tegese yen wis ngucapake sumpah ateges kang wis diucapake kudu padha karo kasunyatan. Semono uga para politisi kudune yen wis sumpah yen dheweke resik lan ngugemi paugeran kudune nindakake kaya kang wis diucapake. Ora dadi politisi kang reged, lan kulina nerak paugeran. 

Baca juga: Puisi Samin Surosentika.
  • Blogger Comments
  • Facebook Comments

0 comments:

Post a Comment

Item Reviewed: Piwulang Ajaran Samin Blora Rating: 5 Reviewed By: Harian Blora